Kelingan konco
Kelingan konco
Aku kelingan jaman semono.
Karo konco-konco seng podo urip guyup rukun.
Podo akur tepo sliro.
Kangenku ora karu-karuan.
Amargo saben aruh-aruh, mesem nguyu.
Masio ora suguh nanging katon gupuh.
Aku kelingan konco-koncoku neng jowo
Podo sinau bebarengan.
Guyon bareng. Nembang bareng.
Konco-koncoku kabeh,
Aku kelingan jaman semono
Saiki aku ono ing paran
Lelakon seng kudu tak eloni
Amergo kabeh wes ginaris.
Manungso tan keno ngersulo
Opo maneh wobg wadon andherek ake keng garwo karo putro-putro.
Mugo Gusti kang Moho Kuoso
Amaringi seger waras marang awak e dewe kabeh.
Amiin...
1 Juni 2017
Komentar
Posting Komentar