Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juni, 2026

kangen konco

Aku kelingan jaman semono.  Karo konco-konco seng podo urip guyup rukun.  Podo akur tepo sliro.  Kangenku ora karu-karuan. Amargo saben aruh-aruh, mesem nguyu. Masio ora suguh nanging katon gupuh. Aku kelingan konco-koncoku neng jowo Podo sinau bebarengan. Guyon bareng. Nembang bareng. Konco-koncoku kabeh,  Aku kelingan jaman semono Saiki aku ono ing paran Lelakon seng kudu tak eloni Amergo kabeh wes ginaris. Manungso tan keno ngersulo Opo maneh wobg wadon andherek ake keng garwo karo putro-putro. Mugo Gusti kang Moho Kuoso Amaringi seger waras marang awak e dewe kabeh. Amiin... 1 juni 2017

kangen besok jowo

Kados dawuhipun poro pinisepuh. Mbok bilih sak meniko sampun wancinipun kito panjenengan sami monggo sesarengan amersani menopo engkang wonten sak lebetipun jagad. Kedadosan menopo kemawon tansah andadosaken warto. Wonten engkang pancen kahananipun kados mekaten, ananging ugi wonten engkang sejatosipun tebih sanget saking menopo engkang wonten. Milo saking meniko, mboten wonten malih engkang saget amersani, perkawis meniko leres utawi mboten, Kejawi namung migunaaken manah engkang resik tur paningal engkang becik. Cekap semanten. Nyuwun tambahipun pangestu. Ngaturaken sesoyo kalepatan. Nyuwun agunging sih pangapunten.  (Efekkangensinauonosakjruningwulanposo) 1 juni 2017